16 Oktober 2014

CRITA ASMARANE DEWI PRABARETNA - PANJI PULANGJIWA

ASAL-USULE KUTHA KEPANJEN; 
CRITA ASMARANE PRABARETNA-PANJI PULANGJIWA

Asmaradana Malangan
Yen ndika ngerteni neki,
Wong urip nok alam donya,
Ora nemen sengsarane,
Lan malih kaweruhana,
Tinggalane tyang kuna,
Iku sejatine ngelmu,
Kang tumrap neng alam donya.

Kacarita kang ana ing kadhipaten Malang. Adipati Rangga Tohjiwa kagungan putra putri sing ayu rupane, becik bebudene, kuwat prihatine, grapyak sumanak marang kabeh kawulane. Sekaring kadhipaten iku asmane dewi Prabaretna. Sang putri wis ngancik dhiwasa, wis wayahe mangun bale wisma. Ewasemono durung ana jejaka, pangeran uga raja mudha kang nglamar sang dewi. Mengkono uga sang dewi Prabaretna, sajak durung ana kekarepane rinengkuh dening priya. Wektu iku sang dewi gentur mesu budi, ngudi elmu kanuragan ing padhepokan gunung Kawi.
Wusana sang dewi katimbalan marak sowan, kinen kondur  ing Kadipaten. Adipati Rangga Tohjiwa nganakake sayembara. Sapa-sapa kang bisa ngasorake kridhaning jurit dewi Prabaretna bakal dipundhut mantu, kadhaupake karo sang dewi. Dewi Prabaretna ora bisa selak maneh. Kawicaksanane Ingkang rama mau uga gawe marem penggalihe, sebab calon garwane kudu bisa ngasorake ulah kridha jurite.
Sayembara iku enggal kabiwarakake. Ora mung tlatah sakupenge gunung Kawi, gunung Arjuna, Gunung Anjasmara, lan gunung Semeru bae. Ora mung ing laladan kadipaten brang wetan, lan Mataram bae. Biwara Sayembara iku  sumebar nganti tekan laladan kadipaten Sumenep ing pulo Medura.
Ana salah sawiji punggawa kadipaten, asmane Sumalewa. Sumalewa ing sekti mandraguna, murid kinasihe Ki Ajar Jafar Sodiq. Nalika sowan lan matur krenteg atine marang sang Ajar, Sumalewa didhawuhi supaya sabar, ora gumampangan. Abot sanggane dadi mantune Adipati. Kudu nduweni ati sing jembar, lan saguh leladi marang kawula cilik. Ora mung nuruti hardane nepsu pribadhi bae. Sumalewa matur sendika.
Ki Ajar mesem banjur ngendika,” Ngger, Sumalewa. Becik tatanen maneh atimu, budi dayaning manungsa iku rinengkuh dening wasesane Gusti Kang Maha Kawasa,”
“Sing prayitna angati-ati. Bakal ana wong sabrang kang sekti mandraguna. Titikane pawongane brengosen tur antingan, rikmane ingumbar dawa. Satriya  pilih tandhing ora gampang dikalahake. Santosa budine, pengkuh kekarepane. Ing ngendi bae tansah nggawa pusaka piandele. Nduweni daya kekuwatan sasrabau paribasane,”
Sawise nyuwun idi pangestu, Sumalewa banjur nyuwun pamit. Bali ing kadipaten, banjur aba prentah marang prajurit andhahane. Sabregada prajurit kinen jaga tapel wates sisih lor kadipaten Malang. Sapa bae pawongan, lanang lan asal  saka njaban rangkah cinegat wani. Ora mung kuwi banjur kinrocok gaman, dipateni.
“Prajurit kabeh bae padha estokna! Wiwit dina iki, tlatah kene dadi lelawangane kadipaten Malang. Sapa bae kang bakal tumuju ing kadipaten Malang kudu liwat gapura, ya korine kadipaten iki. Mula besuk ing rejane jaman, katelaha tlatah iki dadi LAWANG!”
“Delengen kali sing banyune mau bening, saiki dadi abang mbranang dening getih pangrocok gamanmu, mula dadia arane, kali iki besuk bakal aran KALI GETIH!”
Ana satriya bagus, putrane adipati Sumenep. Panji Pulangjiwa, asmane. Adreng penggalihe kepengin mupu sayembara. Supaya ora kadenangan prajurite Sumalewa, mula anggone tumuju kadipaten Malang ora liwat sisih lor. Panji Pulangjiwa mlaku sesidheman liwat tritis sisih wetan kadipaten Malang. Nalika arep mlebu kadipaten, lakune kandheg amarga ganda sengir pesing ing sakiwa tengene. Marang para pandhereke Panji Pulangjiwa banjur dhawuh,”He bocah prajurit, peteng lelimengan anggone awake dhewe mlebu ing kadipaten Malang. Ing kana-kene gandane sengir pesing tur akeh kewan, raja kaya ingopenan ing kandhang. Mula mbesuk rejane jaman, katelaha tlatah iki kanthi sebutan KEDHUNG KANDHANG,”
Sayembara wis kawiwitan. Kabeh kang melu sayembara wis kasoran ing yuda dening satriya loro, yaiku Panji Pulangjiwa lan Sumalewa. Bareng adhep-adhepan, nyata lelorone timbang bobot kasektene. Perang tandhing mau nganti suwe banget. Sing padha nonton padha giris miris weruh tandange sing padha adu kandele kulit, landhepe gegaman. Wusana Sumalewa wiwit entek kekuwatane. Dene Panji Pulangjiwa katon isih cukat trengginas, tetep trampil ulah yudane. Kabeh mau krana aji-aji akik Suleman lan kasekten Sambernyawa kagungane.
Wusana Panji Pulangjiwa kang kudu ingadhepan dening dewi Prabaretna. Mirsani kasulistyane sang putri, geter ing penggalihe. Saya mramong tekade, bisa dhaup karo sekaring kadipaten Malang. Dhasar prajurit wanita, tatag teteg tangguh lan tanggoh. Ora gigrig senajan ngadhepi satriya sekti Panji Pulangjiwa. Wusanane kaya si Sumalewa, dewi Prabaretna keseser ing jurit. Ing sawijining kalodhangan, ngrapal aji panglemunan. Panji Pulangjiwa lena, bareng eling jebul mungsuhe wis ora ana. Dewi Prabaretna lumaris, ngoncati paprangan.
PanjiPulangjiwa banjur aweh sasmita marang turanggane, Sasrabau. Kanthi kesit enggal numpak jaran sekti, mbujung playune dewi Prabaretna. Jebulane dewi Prabaretna mlebu ing benteng petilasane praja Singasari rikalane semana.  Sasrabau ngerti karepe bendarane, enggal mandheg jegreg ing sangarepe gerbang. Sabanjure Panji Pulangjiwa ngrapal mantra sekti. Sarwi sedhakep saluku tunggal, epek-epeke ingusap nganti metu keluke. Kanthi ngetog karosan, gerbang benteng iku sinurung saka kadohan. Jumleger swarane, nganti sing nyumurupi padha alok, BEDHAH, BEDHAH, KUTHANE BEDHAH. Kang mangkono dadi tetenger jenenge KUTHA BEDHAH.
Wusana dewi Prabaretna pasrah jiwa raga marang panji Pulangjiwa. Lelorone kadhaupake. Ora mung kulawarga-santana praja kang bungah, senadyan para kawula melu ngrasakake kamenangane Panji Pulangjiwa kanggo jaya santosane kadipaten Malang. Dewi Prabaretna lan Panji Pulangjiwa kagungan putra kakung, asesilih Raden panji Wulung utawa Raden Panji Saputra. Para kawula melu seneng gumbira sebab lelorone tansah grapyak sumanak, prasasat antarane kawula lan gusti wis bisa manunggal kanggo raharjaning praja kadipaten Malang.
***
Kacarita negara Metaram ngerigake wadya bala prajurite tumuju kadipaten-kadipaten ing Brang Wetan. Sebabe ora liya akeh para adipati sing ora ngrawuhi pisowanan, ora kirim glondhong pangareng-areng guru bakal, guru dadi, kangga tandha panungkul maneh.
Nalika semana alas gedhe ing gunung Kawi lan Anjasmara kebak sato kewan galak. Kondhange kadipaten Malang nduweni alas gung liwang-liwung, jalma mara jalma mati. Ing alas gung liwang-liwung tur wingit iku ana sima ngamuk kang ngedab-edabi. Wadya bala Metaram kandheg awit padha geter gigrig krungu crita galake sima edan mau. Ora mengkono tumrape sang senapati Metaram. Tanpa gigrig enggal mblanjang jarane tumujweng alas wingit mau. Saperangan prajurite banjur padha alok AJA BODHO, AJA BODHO. Mula Senapati mau kaparingan asma JAKA BODHO.
Prajurit Metaram kang dipandhegani Joko Bodho wis lumebu ing tlatah kadipaten Malang. Saya ngangseg tumuju kutha praja. Minangka prajurit wanita, dewi Prabaretna ndherek maju perang. Weruh prajurite kocar-kacir dening Jaka Bodho, duka banget sang Dewi. Akhire lelorone adhep-ingadhepan. Prang tandhing adu katiyasan. Dewi Prabaretna ngerti yen wektu iku dudu prang tandhing kaya rikalane sayembara. Ing sawijining kalodhangan dewi Prabaretna lena. Kerise Jaka Bodho tumancep ing igane dewi Prabaretna. Kena dayane keris sekti, gya ngalumpruk tanpa daya sang dewi Prabaretna. Joko Bodho melu kaget, sebab eling dhawuhe gurune. Pusakane bakal ilang daya ampuhe lamun sinudukake marang wanita.
Prajurit kadipaten Malang keseser ing yuda. Panji Pulangjiwa kasep rawuhe. Anggane sang dewi enggal binopong, ginawa ing jero kadipaten. Nanging Gusti Kang Akarya jagad wus mesthekake. Dewi Prabaretna gugur minangka kusumaning praja kadipaten Malang. Wusana layone sang dewi sinarekake ing sakupenge pendhapa kadipaten Malang.
Ngamuk punggung Mataram Raden Panji Pulangjiwa. Getune kepati-pati awit garwa kinasihe gugur ing prang. Panji Pulangjiwa satemene ora rila lamun wanita maju ing jurit. Panji Pulangjiwa ndeleng mungsuh kanthi kabek kamurkan. Sigra matek aji samber nyawa piyandele. Kanthi nitih Sasrabau ngrabasa wani marang prajurit Mataram. Bosah-baseh prajurit. Sasrabau gawe kapitunan gedhe, apamaneh kasektene Panji Pulangjiwa. Bisa ginebug mundur nganti tekan sisih kulon laladan kadipaten Malang.
“Wis leren dhisik. Ndhelika ana ing kene. Aku kang bakal ngayoni Panji Pulangjiwa!”
Prajurit Mataram sawetara wektu banjur padha NGEBRUG ing kono. Jaka Bodho nyekel bakuh pusakane. Keteg jejantunge nititir aweh sasmita. Krana pusakane wis ilang yonine, wis ora ana daya ampuhe mula kanthi gampang Panji Pulangjiwa nyedani Senapati Mataram, Jaka Bodho. Layone Jaka Bodho disarekake ing kono, ing dhusun MBODHO kalebu tlatah desa NGEBRUK.
Sauntara iku rasa getun keduwung kang dirasakake Panji Pulangjiwa dadi sanggane penggalih kang ngregemeng tansah tut wuri sang satriya. Dhahar ora mirasa, sare ora bisa merem, penggalihe tansah ora jenak. Kang mangkono nganti sauntara wektu. Ora ana sawiji pawongan kang bisa ngendhakake pangrasa getun keduwung mau. Panji Pulangjiwa mung kelingan ingkang garwa sang dewi Prabaretna kang wis sowan bali ing ngarsane Gusti.
Sauntara iku Kanjeng Sultan ing Mataram pirsa lamun wadya prajurite kalindhih ing prang. Mula banjur ngerigake bala prajurit maneh. Cacahe luwih akeh saka sadurunge. Prajurit kang lagi teka Mataram mau wus nyawiji karo wadya bala prajurit kang padha ngebrug. Sabanjure banjur mangetan, ngarah marang kutha praja kadipaten Malang. Tekan ing tlatah sisih kidule kutha praja banjur padha leren, MESANGGRAH sinambi tata baris, pirembugan lan nyamaptakake sakeh ubarampene prang. Mula saka iku, tlatah ing sakidule kutha praja  iku banjur katelah SANGGRAHAN.
Asil pirembugan iku tumuju marang upaya ngadhepi pangamuke Raden Panji Pulangjiwa kang nyta satriya pilih tandhing. Wosing pirembugan, wadya bala Metaram bakal laku karti sampeka. Paribasan kenaa iwake aja nganti butheg banyune.
Sigra prajurit Mataram yasa PANGGUNG ing sakidul-wetane kutha raja. Ing sadhuwure panggung pinasang kenya kang memper dewi Prabaretna. Sang kenya memba Prabaretna iku ngadeg ing sadhuwure panggung. Sarwi nembang Asmaradana. Sauntara ing burine panggung wis digawe sumuran kanggo ngroyok Panji Pulangjiwa. Sabanjure kabiwarakake ing akeh yen dewi Prabaretna nggoleki garwane Raden Panji Pulangjiwa.                
Kabar mau wusana kapireng dening sang Panji Pulangjiwa. Enggal nyengklak Sasrabau. Nglunja sru lumumpat ngarah marang PANGGUNGREJA. Ing panyawange katon garwa kinasihe kang wingi binopong kanthi tatu ing igane. Jebul isih jati waluya, waluya jati. Nembang Asmaradana ing sadhuwure panggung.  Bareng Panji Pulangjiwa nubruk sang kenya, enggal tinarik sang kenya memba Prabaretna. Panji Pulangjiwa mung ngrangkul suwung, nanging penggalihe wis kadhung kablebegan rasa gumbira lan marem. Ilang kaprayitnane, liwung anggane tumiba ing sumuran ing suwalike panggung.
Senapati mataram aweh sasmita. Kinrocok sakeh gegaman sang bagu Panji Pulangjiwa. Gugur ing prang mbelani kadipaten Malang. Kabar lelayu anjrah ing kadipaten Malang. Layone Panji Pulangjiwa sinarekake jajar sumandhing lawan ingkang garwa, dewi Prabaretna. Tinunggon Sasarabau kang dadi seksi watak tamtama wirotamane Panji pulangjiwa-Prabaretna ndhepani bumi pertiwi, netepi darmaning satriya sejati.
Pakurmatan marang lelorone wujud kasedhihane kawula ing kadipaten Malang. Tuwa mudha, gedhe cilik, lanang wadon, padha bebarisan tumuju kutha praja kadipaten Malang kang winisudha aran KEPANJEN saka tembung ka- + panji + -an.                
“Ayo padha LAYAT…LAYAT…LAYAT..”
Saking kehe bebarisane wong layat mau, nganti ingaran desa KLAYATAN.

Nuwun.
Rahayua ingkang sarwi pinanggih             


                                                                           Saking crita rakyats sinanggit sawetawis                                                                                                                                Linambaran raos tresna kula,
                                                                                                                               
                                                       hardjana dt
                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                               



14 Agustus 2014

CRITA WAYANG KANGGO KLS IX



  
A.   Nyemak Cariyos Wayang

Jemparing Glagahbang
Negari Cempalareja ugi kasebat negari Pancaladriya punika negari ingkang panjang punjung pasir wukir loh jinawi tata tur raharja. Negari jero tancepe padhang jagade wiyar jajahane gedhe obore adoh kuncarane dhuwur kukuse.
Boten ing tanah jawi kewala senajan ing sabrang kathah negari ingkang sami tumungkul aris tan ginebag ing ajurit, namung kayungyun ing kautaman. Sami asok bulu bekti glondhong pangareng-areng minangka tandha panungkul. Praja Cempalareja ngalami jaman kencana mengku werdi sugih bandha donya mas picis raja brana lan boten wonten kawula ingkang kesrakat.
Sinten ta ingkang ngembat pusaraning adil praja Cempalareja tanulyan Prabu Drupada ya Bambang Sucitra. Rikala semanten  nembe ngawontenaken pasewakan agung. Ingkang mangayun lah punika ingkang rayi kaipe Raden Gandamana. Satriya sekti mandraguna jayeng palugon, tan tedhas papak palune pandhe sisane gurinda bebasan jinara mendat tinatah menter.
Minangka agul-aguling praja Cempalareja Ki Patih Sindupraja. Ugi sowan ngabyantara Tumenggung Tambak Kenanga. Kebak ambelabar ingkang samya mangayun, tinon pindha panjrahing puspita. Kaya arep ndhoyong-ndhoyongna pancak sujining pendhapa.
Nalika semanten dereng wonten dhawuh pagandikaning nata. Sidhem premanem tan ana sabawane walang ngalisik.  Tan antara dangu sang nata asung sasmita murih rayi kaipe Raden Gandamana kepareng  langkung mangarsa. Badhe mijilaken dhawuh pangandika.
Wosing pasewakan sampun dwicandra putra putrining nata linggar saking praja. Raden Gandamana kinen kulak warta adol pangrungu, ngupadi linggare sang putri. Kanthi dipun dherekaken para prajurit miwah tamtama Raden Gandamana ngestokaken dhawuhing Prabu Drupada.
Gantos kang winursita nun inggih ingkang wonten ing praja Tapeljagad, raja danawa Prabu Kala Mardiyu kaadhep Patih Jurang Grawah dalah Tumenggung Padhasgempal. Ing jawi pepak para prajuriting buta padha pating galero.
Nalika semana sang prabu  lenggah ing dhampar dhenta pinalipit kencana. Sang prabu kemul dodot dhasar raseksa saprabata siwi agengipun. Simbar jaja, surya sakembaran netrane, grana pindha canthike baita, waja mingis-mingis sagedhang mas agenge. Lamun ngendika kaya bledheg ngampar, lamun nggetak pindha gludhug pating galidrah pating galero pindha sima andon mangsan.
Sang prabu darbe lara kunjana. Wus ndungkap sacandra kasmaran marang sekaring praja Cempalareja, dewi Srikandhi. Wusananing rembag para prajurit raseksa wus samapta ing gati, sawega ing dhiri. Tanpa ngrantos benjing, nora ketang obor lintang colok rembulan samya bidhal nglurug dhateng Pancaladriya arsa nglamar dewi Srikandhi.
Sampun bidhal wadya Tapeljagad. Ing margi kepranggulaan barisan saking Cempalarejo. Wusana dados regejegan pasulayan. Prajurit Tapeljagad kawon lan nyimpang margi.
Ing wana gung liwang-liwung, Raden Harjuna ingkang ngupadi linggaring ingkang garwa dewi Srikandhi, miwah panakawan catur ingkang nembe sowan saking Begawan Abiyasa, pinanggih prajurit denawa ingkang kapisah saking kanca rowangipun. Dados pasulayan rame, para danawa tumekaning lampus.
Taksih tunggaling cariyos ingkang wonten ing pucuking arga Kembang. Dewi Srikandhi nedheng lelaku cegah dhahar tapa brata. Sedhakep saluku tunggal nutupi babahan hawa sanga maneges ing ngarsaning Hyang. Ing pangajab ngadhang wahyu sinebat Jemparing Glagahbang peparinge jawata.
  Sampun ndungkap catur dasa ari. Ngantos kagubel ing rayutan, prandene boten jugar tapane sang hayu, lamun dereng pikantuk wahyuning Jawata. Boten antara dangu rawuhipun Bathara Indra paring wahyu wujud jemparing Glagahbang. Ing besuk mangka sanjata piandel samangsa Srikandhi mangsah yuda ing bharatayuda.
Sakonduripun Bathara Indra nulya kedadak praptaning Prabu Kala Mardiyu. Srikandhi arsa den boyong dhateng Tapeljagad. Srikandhi boten kersa nglanggati wusana dados prang tandhing. Srikandhi kawon, kapracondhang lan kepanggih kaliyan garwanipun Raden Harjuna. Permadi suka pambiyantu nanging wusana kalindhih ing yuda. Kekalihipun lajeng wangsul dhateng Ngamarta. Prabu Kala Mardiyu ngoyak kekalihipun.
Rikala semanten pepak ander para priyagung awit rawuhipun tamu saking Dwarawati Prabu Kresna. Wusnya bage binage, Raden Harjuna matur menawi ingkang garwa linggar saking praja awit ngadhang wahyuning dewa. Pusaka jemparing Glagahbang mangka piandel wus tinampi ing Srikandhi.
Kasaru pangoyaking Kala Mardiyu sawadya. Wusana ingadhepan dening Werkudara. Prang tandhing rame, Prabu Kala Mardiyu kawon. Pejah dening kuku pancanaka. Wadya balanipun ingamuk ing Arjuna, sumamburat mawut bali wangsul ing praja Tapel Jagad.
Tancep Kayon.
(Panjebar Semangat, no.23/ 2000: 34-35)   
B.    Mangsuli Pitaken ing Basa Krama
Pitaken-pitaken ing andhap punika kawangsulana kanthi jangkep !
1. Kadospundi gambaranipun negari Pancaladriya ing inggil?
2. Sinten ingkang ngembat pusaraning adil ing Cempalareja? Lan sinten kemawon warangka prajanipun?
3. Nalika sang nata, Pabu Drupada dereng paring dhawuh, kados pundi kahananipun ing pasewakan?
  1. Punapa wosing pasewakan ing Cempalareja nalika semanten?
  2. Sang raja danawa Prabu Kala Mardiyu punika kadospundi gambaran utawi candranipun
  3. Kadospundi kawontenan dewi Srikandhi ing Arga Kembang?
  4. Sinten dewa ingkang mrepegi dewi Srikandhi? Wonten wigatos punapa?
  5. Kenging menapa Raden Harjuna madosi dewi Srikandhi?
  1. Sinten ingkang seged merjaya Prabu Kala Mardiyu?  Menapa naminipun pusaka ingkang kangge merjaya Prabu Kala Mardiyu?
  2. Kadospundi pamanggih Sampeyan ngenani basa ingkang dipun ginakaken ing cariyos ing inggil ?
  3. Piweling napa ingkang saged kapendhet saking paraga ing andhap punika :
a.       Srikandhi
b.       Kala Mardiyu


C.   Paribasan Kangge Piweling
Paribasan  inggih punika unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu. Racikane tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Paribasan iku tegese lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan iku ngemu teges tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan lan pasemon. Sing disemoni ulah kridhaning manungsa, kahanane utawa sesambungane manungsa lan alam uripe.
Garapan : Paribasan ing andhap punika kapadosana artinipun !
1.      Karubuhan gunung = nampi kesusahan ingkang ageng sanget.
2.      Kajugrugan gunung menyan
3.      Nggepuk kemiri kopong
4.      Anak polah bapa kepradah
5.      Geni Guntur nila bena
6.      Njagakake endhoge si blorok
7.      Pupur sawise benjut
8.      Ulat madhep ati karep
9.      Cebol nggayuh lintang
10.  Asu gedhe menang kerahe


D.   Pepeling saka Paribasan
Garapan : Saka paribasan ing dhuwur, pilihen 2 paribasan bae. Sabanjure gawenen pada/paragraf (5-10 ukara) kang isi pepeling, pitutur kaya tegese paribasan-paribasan mau.
Tuladha :

Si Suta lan Si Naya kae wiwit cilik dilatih ketrampilan ukir dening Bapake, Pak Sanjaya sing pancen pengrajin ukir kayu. Saiki bareng wis gedhe, bocah loro mau bias nerusake usahane Bapake. Si Suta malah dadi pengrajin perak. Si Naya pancet nekuni usaha ukir kayu. Langganane tekan ngendi-endi. Yen ngono apa-apa sing becik saka wong tuwa pancen kudu diterusake. bener unine paribasan kae, kacang mangsa ninggala lanjaran.

6 Agustus 2014

RPP MODEL KELAS VII

Mata Pelajaran Bahasa Daerah menika dados kewenangan Pemerintah Daerah Propinsi saha Kabupaten/Kota. Ing workshop Kurikulum 2013 saking pusat, VEDC, LPMP-P4TK umpaminipun, boten dipun paringi wekdal lan panggenan. Sedaya kalawau pancen mekaten kawicaksananipun (sinaosa sejatosipun saged kemawon dipun seselaken; nanging menapa ecanipun dados seselan?)
Kaliyan ngrantos wekdal lan rancangan ingkang lumampah, Workshop Kurikulum Bahasa Jawa ingkang dipun adani MGMP sesarengan Dinas Pendidikan, ing andhap menika saged kaundhuh RPP Model kelas VII lan Kelas VIII. Mesthi kemawon kedah dipun salarasaken.
1. RPP TEKS TANGGAPAN DESKRIPTIF KELAS VII
2. RPP PROFIL TOKOH KELAS VII
3. RPP CERKAK KELAS VIII
4. RPP WAWANCARA KELAS VIII
5. RPP TEMBANG MACAPAT KELAS VII /MATRIKULASI KELAS VIII

PEMUT:
Sedaya kalawau taksih mujudaken "tuladha sawetawis" utawi "model" pramila kedah dipun laras saha leresaken saestu.